1 Dhuh Gusti Sang Pantara kawula nglenggana kadya Zakharia bapa tan manteb pracaya mugi ing natal niki Gusti sung aksami. 2 Dhuh Sang Pamarta Gusti kawula ngakeni kadya Herodhes raja watek kamitega mugi ing natal dinten Gusti angapunten 3 Dhuh Gusti Yesus Kristus nggih adrenging manah saged lir Maryam Yusup sumarah mring Allah mugi natal kang adya nuwuhna pracaya. 4 Dhuh Yesus Kristus Gusti kula ngimpi-impi saged lir pra pandhita sung pisungsung adya mugi natal punika mbereg manah loma. 5 Dhuh Putreng Allah Yekti panyuwun kawula tansah sareng mlaekat memuji tan kendhat natal niki ndadosna mindhak ajrih tresna. 6 Dhuh Gusti Putreng Allah niyat kula tansah lir pangen ing Yudea nekseni Pamarta mugi natal puniki nyantosakken ati.
|
|