1 Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa 2 Swawi kanca asung panggunggung aneng dinten natal agung Allah wus ngluberken sih rahmat mring tyang dosa nggih mratobat sagunging tyang pracaya pasrah dinadosken pra putreng Allah 3 Swawi kanca ngulukken puji ing dinten suci puniki Allah nebus jalma sing pati mrih sinungan gesang yekti Tansah dadya lantaran berkah tentrem rarja sumrambah tumrah 4 Swawi kanca ngaturken sembah aneng dinten natal endah Allah ngruwat jalma sing dosa sinucekken gesangira mrih dadosa seksi sembada Kratoning Allah tedhak donya.
|
|