1 Kaelokan sayekti Allah ngesorken dhiri dadya manungsa papa miyos neng kandhang nistha nladhani sagung manungsa welas asih tresna nyata ngapunten sagung lepat dosa sayogya memuja Allah asih manungsa. 2 Mukjijad kang sejati Allah manjalma yekti tanpa sipat bendara nging ngladosi pepadha nladhani sagung manungsa labuh labet trus ing driya ngarah gesang tentrem raharja sayogya sudara ngegungna asih tresna. 3 Pangeram-eram nyata Allah dadya manungsa ngrentahken sih rahmatnya mrih manungsa waluya nladhani sagung manungsa mbelani tyang ringkih papa nyirnakna panandhang sangsara sayogya pra kanca mbabama tresna nyata
|
|