1 Bangsa kang mlampah neng pepeteng sumerep pepadhang langgeng samya ngidungken kabingahan lir kraharjan ing panenan de pasangan saha rembatan nggih panindhes kasangsaran saestu sampun kasirnakna wit Sang Pamarta wus prapta. 2 Wus miyos Sang Bayi kang suci yeku ratu adil yekti asmane sestu maha kwasa penasehat elok nyata nggih Gusti Allah kang prakosa Rama kang langgeng slamanya ratunipun tentrem raharja yogya tansah den pepuja.
|
|