1 Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki. 2 Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa sung tentrem raharja. 3 Sang pepadhang sanyata manjalma manungsa ngasoraken pepeteng sung gesang kang langgeng. 4 Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih rahmat mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah. 5 Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.
|
|