1 Betlehem ing Efrata saestu prasaja nging pinilih ing Gusti dadya negri adi dene neng kandhang kewannya miyosing Sang Pamarta Allah sung waluya tan mawang manungsa. 2 Pra pangon tyang kang ringkih, asor, melas asih winartanan mlaekat margining sih rahmat de kang sinungan waluya mung kang rumaos dosa Allah Maha Asih mbelani tyang ringkih. 3 Pra pandhita sing wetan tyang remen kraharjan winedharan wewadi Gustining pra gusti samukawis kang neng jagad nggih ngundhangken sih rahmat tyang kang maspadakna manggih tentrem rarja.
|
|