1 Dinten natal dinten adi wiyosing Sang Kristus Gusti sumangga sumyak memuji sung pisungsung trusing ati wah ngundhangken sih rahmatnya sarana tumindak nyata. 2 Dinten natal dinten suci dinten kabingahan yekti nglipura tyang nandhang susah ngiyatna tyang semplah lesah tyang kang gesang ing pepeteng den tedahna gesang langgeng. 3 Dinten natal dinten mulya dinten karaharjan nyata mbelanana tyang sangsara mitulungi tyang kang papa ngrukunna tyang samya dredah numrahna berkahing Allah.
|
|