1 Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji. 2 Ratu yekti ratu saking swargi tedhak donya jumeneng Pantara angrukuna Allah lan manungsa pra mlaekat ngidung nggunggung Allah de sih rahmat tumraha sumrambah karaharjan mring tyang sinarjonan. 3 Ratu suci ratu welas asih lintang adi surem krana sedhih njerit nangis krana pokal wengis para bayi ing Betlekhem nagri den pejahi dening iblis nraka jagad sepi wit sungkaweng driya. 4 Ratu nyata ngasta tentrem rarja mbirat dosa nyirnakken antaka tyang mersudi kautamen yekti sowan Gusti asung sembah bekti wah ngaturna pisungsung mirunggan tyang pracaya misungsungna gesang.
|
|