1 Pra manungsa giranga mujia pra mudita ratu nira wus prapta ratu ning tentrem raharja pra manungsa giranga mujia pramudita 2 Gya ngidungna gung puji mring Gustining pra gusti kang sung slamet mring jagad karana gunging sih rahmat pra manungsa giranga mujia pramudita. 3 Gya ngluhurna Sang Mesih ratu swargi Maasih nyirnakaken sangsara srana ngrembat sagung dosa, pra manungsa giranga mujia pramudita.
|
|