1 Pra pangon kang winartan agung begja sing swarga sami kaeraman saestu bingah ing manah de nyata wartanya Kristus sampun prapta. 2 Gumeter wit padhang mulya sakala sumunar, ing dalu punika, nelakken tedhaking padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta. 3 Gya bidhal mundhi dhawuhnya sanyata ing kandhang, Sang Timur pinanggya, sawusnya sungkem ngabekti mring Allah memuji. wit Kristus wus prapti 4 Pra pangon sigra wewarta salir kang winartan, sami kaeraman, wit kebabaring kabegjan mring )agad warata, de Kristus wus prapta.
|
|