1 Lintang endah nyaritakna rawuhing ratu swarga sagunging pra manungsa gya sowan asung sembah nyata ratu swarga Maha mulya ngesorken sarira karsa nebus manungsa 2 Lintang adi sung pawarti wiyosing bayi suci tyang ngantya Sang pamarta dienggal ngabekti memuja bayi suci yeku Gusti ngasta tentrem rarja sinungken mring manungsa 3 Lintang mulya sru martosna juru slamet wus prapta tyang remen kautaman ngaturna pisungsung pethingan Sang Pamarta Maha tresna nuntun tyang pracaya mlebet mring Kraton Swarga.
|
|