1 Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga tedhak ing donya dados bayi papa payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti sung-pisungsung panggunggung mring Gusti. 2 Kanca den tampia rawuhing Pamarta jroning manah srana pracaya, mrih rukun tansah klayan Allah Rama. 3 Kanca agiranga ngundhangken Injilnya, de Allah netepi prasetya, ngentas manungsa sing kwasaning dosa.
|
|