1 Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat duk praduta swarga prapti ngundhangaken sih rahmat raharja prajalma kang sinungan kawaluyan lantaran Sang Pamarta lantaran Sang Pamarta. 2 Puji konjuk Hyang Matresna kang melasi manungsa nglepataken sing bebendu asung tentrem rahayu manungsa sayogya ndherek muji Hyang Masuci langgeng ing salaminya langgeng ing salaminya.
|
|