1 Puji konjuk Gusti ratuning swargi Kang angesorken srira myang manjalma, miyos wah sugengnya tansah nandhang sangsara, mrih mulyakken jalma luwar saking dosa Haleluya. 2 Puji konjuk Gusti Juru Basuki, pra bala tantra swargi ramya muji, wah sih rahmating Allah tumrah mring manungsa, nggih tentrem rahayu binabar ing donya. Haleluya. 3 Puji konjuk Gusti nggih Sang Pamarta, kang gung sih lan piwlasnya mring manungsa, yogya sinaosan pisungsunging kamulyan, yeku bandha nyawa pisungsunging gesang. Haleluya.
|
|