1 Pinuji Allah Makwasa Gustine tyang kang pracaya De umate tinuwenan Pinaringan pangentasan. 2 Sunguning tentrem raharja wus tuwuh wit Sang Pamarta pinaringken mring umatnya mring trahe tyang mursid nyata 3 Allah ngluwari umatnya sing tyang remen ing duraka wah netepi prasetyannya sung nugraha mring manungsa 4 Pinuji Allah murbeng rat nggih kang nglubema sih rahmat temah tyang pracaya yekti angabekti tanpa wedi 5 Tyang mursid nggih sru memuji nggunggung-nggunggung mring Hyang Widi aneng sajroning kasucen wah ngugemi ing kayekten 6 Turune tyang mursid yekti dinuta mrih dadya nabi yeku cecalaning Gusti ngundhangken margi basuki 7 Margining rahayu yekti mung sih rahmatipun Gusti nggih pangapuraning dosa wit kwasananing Sang Pamarta 8 Sang Surya Enjing wus prapta madhangi sagung manungsa mrih tyang kang aneng pepeteng samya manggih gesang langgeng
|
|