1 Nyawa lan atiku bungah ngluhurken mring Allah. dak pujekna kidung girang wit gunging kadarman, de Allah wus ngudaneni asoring kang abdi, lah panganggepe pra bangsa aku wong kang begja. 2 Gung luhur pakaryanipun wah asmanya suci, sih rahmatnya run tumurun mring tyang ajrih asih, pangwasa nggih kamulyannya binabarken nyata, wit pakaryaning astanya nylametkan manungsa. 3 Wong kang seneng nggunggung dhiri tan bakal lestari, dalah wong kang mengku kwasa tan langgeng rehira, wit samya tinundhung kesah krana bramantyanya, nging wong asor samya bingah linuhurken nulya. 4 Wong kang mursid ingeroban salir kang prayoga, nging wong mursal tan keduman sihing Kang Makwasa, pra abdine kaluberan sih rahmat tan kendhat, wit prasetyane kang adya mring wong kang pracaya.
|
|