1 Dhuh Gusti kados pundi nggen kula sung urmat methukken klayan puji mring ratuning jagad mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci mrih nggen kula ngabekti mranani mring Gusti. 2 Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi, Gusti tedhak ing donya nunggil lan manungsa, tumut nandhang sangsara ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran. 3 Punapa kang njalari dhuh Ratuning swarga, Paduka rawuh mriki karsa nandhang papa, mung sih piwlas Paduka dhumateng manungsa, manggiha gesang mulya nunggil lan Sang Rama.
|
|