1 Kawula samya bebingah memuji mring Allah, kang ngluberken sih rahmatnya mring kula tyang dosa wit panuntuning Roh Suci kula pitados mring Gusti temahan manggih wilujeng sinung gesang langgeng. 2 Kawula ngluhurken Gusti yeku Sang Pamarta, kang maringken baptis suci mring pra kadang kula, kinekahna ing pracaya manggul salib klayan setya, tansah martosken Injilnya mrih sesami begja. 3 Gusti maringken prasetyan mring pra lare ugi, sinungan kawilujengan wah kamulyan swargi, katandhan ing baptis suci kagulawenthah pinerdi, nggih dadya putraning Allah kang numrahken berkah.
|
|