1 Dhuh Rama mugi ngluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan, dalah para anak kawula sowan nampeni prasetyanipun Allah. 2 Pasamuwan kadadosken suci wonten ing Asmaning Rama ing Swargi pra lare ugi dados tyang piniji wah pinaringan gesang sayekti. 3 Sang Roh Suci wah sabda Paduka nuntun pra lare manteb ing pracaya wit dosanya wus linebur binirat gesang mursid yekti wit sih rahmat. 4 Pra lare nggih misungsungken gesang de wus dados putreng Allah Pangeran mbabarken tresna nyebar karaharjan leladi mring greja lan bebrayan.
|
|