1 Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat. 2 Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula, anak kula lestantuna dadosa kagunganta. 3 Anak kula agengira dadosa tyang utami, lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami. 4 Mugi Gusti mitulungi kula tyang sepuhira, kasagedna mulang yoga tansah bekti mring Gusti. 5 Gusti seda krana kula nggih krana anak kula, sagung dosa ingaksama sami pinundhut putra. 6 Baptis suci mratandhani sih Paduka dhuh Gusti, kang njalari gesang suci yeku anyaring budi.
|
|