1 Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang. 2 Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka mung ngegungken sih Paduka Allah Kang Mahawilasa. 3 Dhuh Gusti kula ngakeni sih Paduka agung yekti wit sedaning Kristus Gusti kula luwar saking pati sinungan gesang sejati langgeng wilujeng ing swargi. 4 Dhuh Gusti kula nampeni sih rahmat luber sing swargi kula sumarah pracaya nggih ngayom mring Sang Pamarta dinadosken putreng Allah kang tansah numrahken berkah. 5 Dhuh Gusti kula prajanji wus mesthi kula tetepi saos sokur datan kendhat tansah martosken sih rahmat wah gesang mursid sayekti rameng gawe pamrih sepi.
|
|