1 Bujana suci ngengetna mring sih rahmating Allah anggur roti mratandhani korbane Sang Kristus Gusti ngluwar kula sing pati temah langgeng basuki 2 Bujana suci ngengetna kurbaning Sang Pamarta yogya tansah den undhangna ngantos Sang Kristus wus prapta ngadili gung manungsa wah nyampurnakken greja. 3 Bujana suci nandhani tyang pracaya nyawiji samya silih mbiyantoni ngudi kamursidan yekti nggayuh ing kasampurnan tinunggil ing Pangeran. 4 Bujana suci ngengetna tyang Kristen neksenana Allah rukun lan manungsa krana gunging sih rahmatnya mila mbabarna tresna rukun lan gung pepadha.
|
|