1 Wonten ing bujana swarga taksih langkung panggenan angger tyang dosa mratobat mesthi nggih sinuruhan Gusti ngutus pra abdinya ngundhangken ing sajagad dhateng sawarnining jalma kang ngrumaosi cacad Rungokna neng swarga isih luwih panggonan wong dosa mareka sira kang sinuruhan 2 Bujana suci samangkya mbabar rasukan swargi, anggur roti ibaratnya patunggilaning Gusti, nggih kasucen, katentreman wah karahayon sanyata miwah sih rahmating Allah kang ingundhangken tansah, 3 Mila swawi kanca kula samya marek mring Gusti, kang tan nampik tiyang dosa kang adreng dados suci, sinten rumaos klepatan wah kawratan ing dosa, anilingna sabdeng Allah kang ngundhangken sih rahmat,
|
|