1 Kula sami sesarengan kembul bujana suci yeku pratandhaning kurban nggih kurbanipun Gusti roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya 2 Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti, ingkang den agem sarana ngrimat pitados kula, temahan saged ngarosken tentrem rahayu langgeng. 3 Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti, denya anglampahi seda dados panebus kula, samangke kita nekseni dimen jagad ngugemi. 4 Mila kang sawiyah-wiyah tan pantes pisowannya, kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira, kalayan manteb ing manah ajrih asih mring Allah.
|
|