1 Isinya kabar kabingahan winangsitken dening Pangeran dadya srana suka piwulang margining kautaman dimen tyang pitados tansah arumantos mbangun turut Gusti nresnani sesami 2 Tyang lepat kraos winelehna dening sabdaning Kang Ma’kwasa tyang dosa gya samya mratobat nampenana sih rahmat 3 Tyang lesah sinung lipur nyata karana kwasaning sang sabda wewatekan mindhak utama wah kekah ing pracaya
|
|