1 Undhangna wrata sajagad sabdeng Injil Suci nggih paseksining sih rahmat sabdeng Injil Suci mrih sagung manungsa sinung gesang nyata sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti sabdeng suci, sabdeng suci nggih sabdaning Gusti 2 Undhangna wrata sabumi sabdeng Injil Suci margining tyang gesang yekti, sabdeng Injil Suci pepadhang sanyata, panuntun mring swarga 3 Undhangna wrata sadonya sabdeng Injil Suci margining tyang tuhu rarja sabdeng Injil Suci Dadya putreng Allah, tansah sinung berkah 4 Undhangna mring sagung bangsa sabdeng Injil Suci margining tyang dugeng swarga sabdeng Injil Suci ngayom Sang Pamarta ayem sinung begja
|
|