1 Panuntun lampah utama yeku sabdaning Allah wulangna mring brayatira tan kendhat saben wayah bra undhangna sabdeng Allah paseksi sih rahmatnya mrih samya manggih raharja sinungan gesang nyata 2 Pra lare tansah pinerdi mirengken sabdeng Gusti sarta tinuntun nindakna srana tuladha nyata 3 Brayat saiyeg ngabekti ndedonga lan memuji nggegilut sabdeng sing swarga dhasaring gesangira 4 Brayat nyawiji ing ati karem mring sabdeng suci samya silih mbiyantoni ing gesang mursid yekti
|
|