1 Angger angger suci peparinging Gusti sanyata sampurna, paring pangalaman lan kawicaksanan wah nyegerken nyawa dhawuhipun Allah mbingahken ing manah wit patitis sayeti prentahe Pangeran dhatengken kraharjan krana saestu murni 2 Ajrih sih mring Gusti yeku lampah suci lestantun slaminya, sabdeng Kang Murbengrat leres tanpa cacat wah adil sadaya, linangkung endahnya munjuli sesotya lan sabarang kang peni, dalah madu tala kasor raosira wit nengsemken ing ati. 3 Tyang setya ngabekti manut rehing Gusti karoban ing berkah, sagung kang netepi dhawuh-sabdeng suci rineksa ing Allah, sajroning panggodha wah yen den paeka tan sande linuwaran, tyang mursid gesangnya wah tulusing driya kanggenan ing kabegjan
|
|