1 Rahayu tyang utami ing lampah ngambah margi prentahing Sang Yehuwah rahayu kang netepi sabdanya tyang kang manut ing sapangrehe Gusti sarta tansah telaten netepi sakarsane klawan eklas ing ati. 2 Marginira tyang lampah utama nggih tyang anem jujur ing lampahira mbangun turut mring sabdaning Allah ngupadi Allah lan gumolong ati wah ngandhemi prasetyaning Gusti nyingkiri dosa, panerak, pamblunthah. 3 Gusti mugi ngirid lampah kula manut sabdeng suci ing salaminya tansah karem gesang mursid nyata cacading gesang kula kasingkirna temah kula temen trus ing manah nindakken pranataning Sang Yehuwah, 4 Sabdaning Allah kang dadya dilah madhangi kula murih mursid tansah nggih nuntun kula bekti mring Allah kula supaos nedya den tetepi ngestokken sagung prentahe Gusti tan wigih kangelan dugeng ing janji
|
|