1 Sabdeng Allah Hyang Widi seksinya kitab suci pepadhanging manungsa ing margi dugeng swarga 2 Sabdeng Allah Masuci wewaton gesang adi kang mireng wah nindakna manggya tentrem raharja. 3 Sabdeng Allah Mamulya Nggih tetedhaning nyawa tyang nggayuh kasunyatan samangkya tinuwukan 4 Sabdeng Allah Makwasa tameng nglawan panggodha sampurna piwulangnya njangkepken tyang pracaya. 5 Sabdeng Allah Pangeran nggih badhe kalampahan kang mokal datan ana wit agung pangwasanya.
|
|