1 Sumangga sung pisungsung mring Allah Ma agung krana gunging sihrahmat kang luber tan kendhat 2 Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun, de gesang tansah begja wit Allah kang nuntun 3 Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti, bludaging kabingahan wit berkah tan sepi. 4 Saos pisungsung kathah cacahnya tan timbang, lan gung berkahing Allah tan kenging winilang.
|
|