1 Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran kamulyaning Pangeran 2 Tangan suku kawula nindakken pakaryannya, mrih sesami basuki nampeni sihing Gusti, nampeni sihing Gusti 3 Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih rahmat, temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji, datan kendhat pinuji 4 Bandha lan kasugihan, wegdal wah kasagedan, nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata, dadya pisungsung nyata.
|
|