1

Jagad nampik sihing Allah nyingkur mring Sang Pamarta

nging kula pracaya pasrah ngraosken sih rahmat nya

Reff

mangga sru ngidung ngunggung Hyang Widi

wah sung pisungsung konjuk mring Gusti

ngaturken pratandha sokur krana berkahnya mancur.

2

Jagad ndlarung aneng. dosa tansah mburu kadonyan,

kula bekti mring Sang Rama wit rinoban kabegjan,

Reff

3

Jagad manut rehing pati kang dugeng nraka langgeng,

kula tinuntun Roh Suci ing manah ayem tentrem,

Reff

4

Jagad remen ing pablunthah ngendhem sengit lan drengki,

kuladadya putreng Allah mila tresna sesami,

Reff