1 Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung cihnaning bingahing manah wit berkahing Allah sumengka wah sinengkera lan temen rineksa dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti. 2 Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem dening Gusti, dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah 3 Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih asih kula wit gung sih rahmatnya, mugi Gusti nggih karenan temah binerkahan dadya margi Kratoning Allah binabar neng bumi
|
|