1 Gusti Kang Maluhur kula saos sokur sung pisungsung klayan bingah wit lubering berkah mugi dados marginira asma Paduka pinuja, karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha Amin, Amin, Amin 2 Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung dados srananira greja leladi makarya mbabarken tresnaning Allah sumrambah mring tiyang kathah, temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi, Amin, Amin, Amin
|
|