1 Pra tyang pracaya sagung sumangga sung pisungsung konjuk Gusti Makwasa ing dinten Pentakosta wit berkahing Pangeran tyang nenanem panenan kasil tyang kang makarya kabegjan kang pinanggya. 2 Wulu wetuning bumi dalah wohing makarti, sinaosken mring Gusti kanthi tulus ati sinartan karameyan bludaging kabingahan dene berkahing Allah tan kendhat tansah tumrah. 3 Ing dinten Pentakosta dinten kang sestu adya nggih riyadin saosan sung pisungsung mirunggan, wit pangreksaning Gusti pasamuwan lestari, tuwuh sarta ngrembaka kalis sing gung rubeda.
|
|