1 Kula ananem wiji taberi ngrimati nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi Pangeran paring jawah lan sunaring surya wah saliring wohira nggih berkahing Rama Sumangga misungsung kanthi trusing manah sadhengah barang darbe kita konjuk mring Allah. 2 Kula sengkut makarya ing saliring kardi wit iku dados marginya berkah saking Gusti sawarnining pakaryan tan ana kang nistha asil gedhe cilika mesthi murakabi. 3 Kasarasan karosan berkahing Sang Rama kapinteran kaprigelan wah aruming nama ywa nganti anjalari gumunggunging ati ing sagunging kahanan ngluhurken Pangeran.
|
|