1 Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra tinebus Sang Kristus Gusti gesang anyar sayekti nindakna pakarti luhur yeku tandhaning sokur. 2 Sih nugrahaning Pangeran pinaringken lahanan tan wonten dosa duraka kang datan ingapura nging tyang kang wangkot ing ati pracaya mung ing lathi pinagas saking sih rahmat sangsara ing akherat. 3 Sihing Allah sestu adya mulyakken tyang pracaya mrih dados rowangnya tansah mbabar kratoning Allah olah tresna trusing manah tentrem rarja sumrambah temah Allah kaluhurna samangkya lan slaminya.
|
|