1 Dhuh nyawaku den marema, Allah nunggil mring sira Samubarang solan salin Allah tan owah gingsir. 2 Sadulur mitra myang tangga tan salaminya setya nging Allah kang Maha mirah tansah ngluberken berkah. 3 Kathah tyang samya wiyaen tan nrimah ing kanyatan ngangah-angah kang tan ana yektine tan keduga. 4 Dhuh nyawaku den marema wah aja sira ngangsa sumendhe mrlng Allah Rama uripmu mesthi begja
|
|