1 Gusti pepadhanging jagad gung luber ing sih rahmat asihmring salir manungsa Samya den wilujengna tinuntun mring margi padhang manunggil lan Pangeran gesang mursid yekti tansah mbangun turut mring Allah. 2 Gusti pepadhang sejati nggih kang nganyarken budi nglipur tyang susah ing manah ngiyatken tyang kang semplah nyantosakken ing pracaya mrih unggul nglawan dosa mring Allah tansah ngabekti wah nresnani sesami 3 Gusti pepadhang sing swarga sung gesang langgeng nyata salir tyang ngayom ing sihnya sinung ayeming driya tinuwukan srana berkah kasampurnan den arah tinuntun ing sabda suci tansah ngener mring swargi.
|
|