1 Ratu adil kang sejati saestu namung sawiji yeku Sang Kristus Gusti mengku swarga lan jagad rat nggih Panutaning pra umat pinujia tan kendhat pinujia tan kendhat 2 Ratuning tentrem raharja kang luber ing sih rahmatnya mring sagunging manungsa Ratuning kratoning Allah pangwasanya langgeng tansah Sinembah salir titah, Sinembah salir titah 3 Kratonira katentreman pranatannya kaadilan prajuritnya katresnan pangrehe bebener nyata peparinge gesang begja pinujia slaminya, pinujia slaminya. 4 Sagunging tyang kang pracaya ngayom nggih dadya abdinya tansah sinung raharja uwal sing pangrehing pati benjang sampurna ing Swargi mila tansah memuji mila tansah memuji.
|
|