1 Tyang kang sagah ngurbanken dhiri leladi ing pamrih sepi mung tyang kang mbabar tresna nyata nulad tindake Sang Pamarta yekti amung telung prakara pangarep-arep lan pracaya sarta katresnan nyata lelabet trusing driya ingkang pinunjul tresna 2 Kang mbelani tyang ringkih papa, mrih darbe aji manungsa nggih tyang kang watek asih tresna kumedah nglantarken berkah 3 Tyang kang ngrukunken tyang sulayan tansah ngarah katentreman mung tyang kang olah ing katresnan wah nebihi ing kekerasan
|
|