1 Rahayu kang mlarat budi witdarbe Kraton swargi rahayu tyang kang prihati wit nampeni panglipur yekti Sang Kristus Guru sejati sabdanya den lampahi Yoga den tut wuria prentahnya den estokna 2 Rahayu tyang alus budi nggih kang marisi bumi kang luwe mring kasampurnan nggih mesthi badhe katuwukan 3 Rahayu tyang kang welasan wit tinresnan Pangeran salir tyang resik ing manah kepareng sowan ngarseng Allah 4 Rahayu tyang kang ngrukunken yeku pra putreng Allah kang kinuya wit kayekten yeku kang darbe kraton swarga 5 Rahayu kang den pitenah krana bekti mring Allah tansah mbangun turut Gusti ngudi ing gesang mursid yekti
|
|