1 Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya wah samya andhap asor ing lampah nulada mring Sang Kristus tansah Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri wah dadya abdi sinalib seda yeku babaring tresna sanyata. 2 Rame ing gawe ing pamrih sepi tan mung mikir badan pribadi nging migatosna ing liyan ugi nulada mring Sang Kristus Gusti 3 Remen ngalah wit luhur ing budi nobatken srana tresna yekti kang den arah mung krahajan nyata nulad tindake Sang Pamarta
|
|