1 Ing jagad kang peteng krana dosa kathah tyang kang sulayah awrat ing panandhang mila nggresah samya semplah ing manah sumangga Gusti ngagem kawula mbabar tresna kang sanyata sumangga Gusti ngutus kula numrahken berkah dhateng tyang kathah. 2 Angundhangken sih rahmating Gusti lelabet wah leladi, margining tyang luwar sing sangsara temah samya raharja, 3 Ngundhangken Injil kratoning swarga klayan tumindak nyata, pangluwaran sing kwasaning dosa temah gesang sembada,
|
|