1 Gusti mugi nuntun kawula tansah setya ndherek Paduka nadyan awrat momotanira nging kula tansah manggih begja. 2 Gusti mugi nglanting kawula ngambah margi bebener nyata, nadyan rumpil kathah bebaya nging tatag tan semplah ing driya. 3 Gusti mugi nunggil kawula nglawan salir pangrehing dosa, temah kula unggul ing yuda manggih kasampurnan ing swarga.
|
|