1 Pinuji Allah Sang Rama kang nitahken. jagad raya wah tansah nglestantuna sung mangsa jawah ketiga nenanem panenan uga alam runtut tinata. 2 Pinuji Allah Sang Putra kang nylametken gung manungsa paring tentrem raharja sumrambah pra makluk wrata luwar sing pangrehing dosa dadya Pirdus sadonya. 3 Pinujia Sang Roh Suci yeku kang nganyarken ati temah mursid sayekti nggih rukun klayan sesami wah asih mring alam ugi bawana ayu edi. 4 Dhuh Rama, Putra, Roh Suci tetiga tunggil Hyang Widi pinujia pinundhi samukawisnya sampurna krana pakaryan Paduka Dhuh Gusti "maranatha".
|
|