| KPKA 169 Sumarah Mring Allah | |
| 1 Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa astanya tansah begja yen rinoban sisah manah datan lesah sinung kakiyatan sing Pangeran. 2 Sumarah mring Allah jiwa raga, mbangun turut Gusti trusing ati, yen ginoda dosa binujuk duraka, kekah sarta setya ing pracaya. 3 Sumarah mring Allah jiwa raga, rinoban ing berkah ayem nyata, yen nyanggi momotan dalasan panandhang, mesthi den luwari dening Gusti. 4 Sumarah mring Allah jiwa raga, rinimat, rineksa ing sih mirma, yen ingarah pati wit bebener yekti, manteb dugeng janji Gusti nganthi. 5 Sumarah mring Allah jiwa raga, tinuntun ing sabda dugeng swarga, yen wonten bilai wah miris ing ati, sinung lipur yekti sing Roh Suci. |
| KPKA 168 | KPKA 170 |