1 Ndedonga lan makarya kanthi trusing driya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami murih tentrem raharja sumrambah sadonya asmanya kang Mamulya pinuji slaminya. 2 Ndedonga lan makarya kanthi sukarena, martosken Injil suci wrata ing sabumi, mrih sih rahmating Gusti tinampi sesami, temah samya wilujeng sarta gesang langgeng. 3 Ndedonga lan makarya mrih tansah waspada, yen tinempuh panggodha tan gumiwang tiba, manggul salib wit Gusti manut ing prentahnya, tansah setya ngabekti lan manteb pracaya.
|
|