1 Allah Rama ngreksa ngrimati kula kabegjan kraharjan kang pinanggya lamun nyanggi momotan lan sangsara tinunggil mrih tan ngantos semplah, kula pasrah lan sumarah mring Gusti panuntunnya wus mesthi prayogi ing wusananya kula dugeng swarga satuhu ngrasuk gesang sampurna. 2 Yesus Gusti nebus kula tyang dosa, wah ngiyatken kula gesang suci, manggul salib wit ndherek Sang pamarta, nekseni margining basuki. 3 Sang Roh Suci nuntun kula mring swargi, ing lampah utami manut Gusti, labuh labet mbabar adil satuhu, bebener wah tentrem rahayu,
|
|